Wong Tuwa Kang Beruntung

-Claritza Cynthia / XII A4 / 07-

Ing salah sawijining desa, ana keluarga kang dumadi saka ayah, ibu, lan anak 1. Keluarga iku bisa disebut keluarga kang ora sepira mampu. Gae biayai sekolah anake wae kudu banting tulang nyambut damel rono rene. Sampe ing wektu unggah unggahan kelas anake, Budi mumet mikirno duit kanggo bayar buku nyar gae anake.

"Kepriye iki buk?" pitakon Budi marang bojone

"Kepriye apane pak?" jawab Lisa, bojone Budi

"Aku durung due duit kanggo nukokno buku gae sekolahe Paijo" Kondone marang Lisa

"Tuku buku gae opo se pak?" pitakon Lisa seng durung nangkep penjelasane Budi

"Yo di gawe anakmu iku buk, mosok arek wes munggah kelas ga ditukokno buku nyar" 


Paijo seng kawit moleh teko sekolahan krungu ceritone bapak lan ibuke.

"Assalamualaikum" salam paijo melbu omah

"waalaikumsalam" jawab Budi lan Lisa barengan

"Sampeyan mboten usah ngelu ngunu pak buk" tumis Paijo

"Gak ngelu piye seh Jo? Bapakmu iki gaiso nukokno awakmu buku nyar kok awakmu ngomong koyok ngunu!" emosine Budi

"Tenang pak, sampeyan gausa nukokno aku buku nyar"

"Lapo Jo?" pitakone Lisa marang Paijo

"Iyo buk, sampeyan karo bapak iki wong tuo seng beruntung karena anak kaya aku. Ora usah ngetokake duek akeh akeh" wangsulane paijo karo nyumbungake terjaga

"Awakmu iki ngomong opo seh Jo, Bapak ora ngerti"

"Ngene loh pak buk, sampeyan ora usah nukokno aku buku nyar lah wong aku ae ora munggah kelas kok. Hehehe" Jawabe Paijo

"APAA JOOO!!!?" Bentak Budi lan Lisa barengan, dene paijo langsung mlayu melbu njero kamare.



Comments